Minggu, 28 Mei 2017

PostHeaderIcon Sesorah

Pengertian sesorah
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Artinya:
Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak untukmaksud tertentu.

a.     Ancasing sesorah/tujuan sesorah
1.       Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
Artinya               = adalah pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara syukuran,khitanan,ulang tahun,pernikahan.

2.       Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
Artinya                                         = adalah pidatountuk memberikan informasi,contohnya acara rapat organisasi,promosi barang.

3.       Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
Artinya            = adalah pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung tertarik hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.

4.       Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.
Artinya             = adalah pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang sedang terkena kesusahan,misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya berupa musibah bencana alam,kematian dan lain lain.

5.       Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

b.     Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

1.       Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

Artinya
Bahasa yang digunakan harus sesuai dengan yang sedang dihadapi. Bahasa ngoko digunakan ketika yang dihadapi itu anak anak/lebih muda dari yang membaca pidato. Bahasa krama digunakan ketika menghadapi orang yang lebih tua/orang yang harus dihormati.

2.       Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

Artinya:
Ketika berpidato alangkah baiknya menggunakan pakaian yang baik dan sopan. Ada peribahasa “ajining raga saka busana”termasuk untuk menghormati yang pendengar dan juga bisa menjaga dan menghargai diri sendiri. Pakaian juga harus sesuai dengan situasi dan tujuan.

3.       Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

Artinya :
Suara yang enak didengerin itu tidak terlalu keras atau terlalu kecil suaranya. Dalam mengucapkan harus jelas,tidak terlau cepat sehingga apa yang disampaikan mudah dipahami maksudnya,dalam berpidato jangan terlalu sering baca buku.

4.       Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

Artinya:
Orang berpidato itu harus mantap dan siap,menghadap ke pendengar,jangan menghadap kebawah dan jangan menghadap keatas terus.

c.      Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah
1.       Polatan mbesengut(terlihat marah)
2.       Gugup(nerveous)
3.       Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4.       Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5.       Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6.       Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7.       Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8.       Tangan methentheng
9.       Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10.   Ngupil

d.     Urutane sesorah
1.       Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane

Artinya:
Isinya mengucapkan salam kepada tamu yang datang seperti selamat pagi,selamat siyang,selamat malam,atau salam yang lainnya

2.       Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

3.       Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

4.       Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.

Artinya:
Isinya bab yang diharapkan oleh yang punya keinginan kepada tamunya misalnya doa,kata kata,dll

5.       Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.

Artinya:
Isinya meminta maaf jika dalam menerima tamu atau bicara ada kata kata yang kurang baik dan sikap/tindakan yang tidak enak dihati.

Tuladha sesorah :


Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb



PostHeaderIcon Uyon Uyon Kawruh Gamelan

Uyon-uyon
·         Maguyu-guyu è pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.

·         Unining Gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon.
·         “uyu”, (kn) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalkane duwe gawe) miturut Baosastrajawa W.J.S Poerwadarminta.

Kawruh Budhaya Gamelan Jawa
Miturut Baosastra Djawa W.J.S Poewadarminta, Gamelan inggih menika arane tetabuhan kang rericikane (Instrumen) akeh banget (Saron, Bonang, Gender, lsp).
Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (Wesi lan Plat).
Miturut daerahe, Gamelan dibagi dadi 3, yaiku :
§      Bali, tempone luwih cepet ketimbang gamelan seko Sunda lan Jawa.
§      Sunda, Musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.
§      Jawa (Jawa tengah uga Yogyakarta lan sebageyan jawa wetan), umum e nadane luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon.

Amarga kui, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gaamelan Slendro lan gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras Slendro nduwe 5 nada, inggih menika 1 2 3 4 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog ik nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada (penta= 5, tone=nada).

Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah,kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem. Laras slendro(SI.) ateges siistem ada kang manut cendhek-dhuwure lan intervalsaka  gamelan slendro,semono uga laras pelog (PI.).

Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet (9),lan pathet manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.).

Ing ngisor iki ndharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:

1.      Wujud Tebokan

Wujud gamelan iki kayadene Bedhug, Kendhang, Tambur. Cara nabuh dithutuhuk (bedhug, tambur), dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).
Kendhang wujude ana kendhang ageng/gedhe/gending, kendhang ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/ kosek/ wayang.

kendhang

2.      Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih menika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh yaiku dithuthuk.
gambang

slenthem


Gender

3.      Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe yaiku dithuthuk.
 
kecer
4.      Wujud Pencon
Gamelan sing wujude pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh gamelan iki yaiku kanthi cara dithuthuk, jagur.
bonang



5.      Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude kawatab inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuhe inggih punika kanthi cara dipethik/ cuwik. Dikosok/ digesek.

rebab

6.      Wujud Pipa
Gamelan sing due wujud pipa inggih punika suling. Cara ngungelaken gamelan iki yaiku disebul kang dueni fungsi kanggo variasi melodi.

suling

(Kapetik saking LKS kagunan weh urubing kabudyan kangge kelas XI SMA/MA/SMK, kanthi ewah- ewahan sawetawis)
Sumber : http://arifa001017.blogspot.co.id/2017/05/pengertian-uyon-uyon-gamelan.html

PostHeaderIcon Pawartos

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:
·         Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
·         Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
·         Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.
·         Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa     = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa   = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan            = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye          = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Tuladha pawartos :
Banjir
Sawise kedadeane bencana alam banjir nang dina Rabu 13 Januari 2016 bengi nuli, sethithike ana enem Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT03, Sukamaju, Cianjur sing rekasa ketunan material sing ora sethithik.

Sanajan ora ana korban jiwa jero musibah kesebut, kerugian ditaksir nduwe aji Rp20 yuta luwih. Para korban saiki ngarep-arep ben cepet ana panangen infrastruktur panggon panguwawa lemah neng bantaran kali Cisrua sing mbludak.

Miturut Esih, salah siji korban, kondisi wektu iki nggawe dheweke lan warga liyane rumangsa kuwatir bakal kedadean hal padha pas cuaca ala bali kedadean, banda lan barang duwene lan warga liya sing dadi korban banjir entek kegawa arus amarga derese kali sing banjir.
 
“Omah kontrakan arti (45) ambruk ditempuh banjir. Tembok tangen omah buri sekitar 50 meter ambrol, lan banda duwe Iwan neng ngomah sewaan kegawa arus,” tembung pangarep RT03, Asep Muhaemin, Kamis tanggal 14 Januari nuli.

Para korban wektu iki ngarep-arep kanggo sacepete oleh bantuan, becik saka pihak Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), Dinas Pengelolaan Sumber Daya Air lan Pertambangan (PSDAP), utawa instansi terkait liyane. Cendhake, dekne kabeh ngarep-arep ben pamerentah Kabupaten (Pemkab) Cianjur cepet tanggep njero nangani bencana sak-werna iki.

Dikuwatirke yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir gede meneh. Lan kanggo antisipasi hal kesebut, minimal kudu ana realisasi panangen TPT neng sadawa bantaran kali Cisarua.

“Pengene aja nganti kedadean maneh, mula kuwi cepet kudu ndang didandani. Warga ndaambake banget sacepete ana panangen TPT,” tutur Riki (30), Salsah satunggaling warga.

Jeje 46 th, korban banjir liyane, mengungkapke menawa nang banjir sing kedadean wingi kui, korban sing paling parah yaiku omah kontarakan ne arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.

“Mesake kuwi sing ngontrak, banda ne kegawa banjir,” gamblang dheweke.

PostHeaderIcon Cerkak

Cerita cekak utawa cerkak yaiku mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.

 Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.

Cerkak iku cerita gancaran kang ngadhut prastawa kang ora dowo lan ora akeh alur ceritane. Nang boso Indonesia cerkak iku disebut cerita pendek.
Cerkak nyritakelangsung menyang babagan/ faktane, dibandhingake crita fiksi kaya novel. Cerkak migunaaké teknik  sastra kayata paraga, alur, tema, basa lsp

Cerkak dados kirang Komplek saking novel. Cerkak biasane fokus ing setunggal prastawa, alur, setting, karakter, lan wektune cendhak .

Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
·         Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
·         Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
·         Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
·         Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
·         Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
·         Moral
Amarga cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho, cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks, utawa titik walik.

Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.


Ing wangun fiction maneh, crita kathah ngemot unsur inti tartamtu saka struktur dinamis:
a. Exposition (setelan introduksi, kahanan lan karakter utama)
b. Komplikasi (konflik)
c. Krisis (wayahe nemtokake kanggo protagonis)
d. Klimaks (titik puncak ing crita )
e. Peleraian (konflik wis sampun saged dirampungke)
f. moral

Cerkak nggadhai 2 unsur, yaiku:
1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
·         Tema
·         Latar: panggon, wayah, kahanan.
·         Alur: maju, mundur, campuran.
·         Tokoh
·         Penokohan
·         Sudut pandang
·         Amanat
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi:
·         aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
·         Latar buri kuripan pengarang..
·         Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.


Tuladha cerkak :
Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Senadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune. 
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh. 
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret.
Sumber : http://www.solopos.com/2013/02/14/cerkak-sing-nandur-bakal-ngundhuh-379078

About Me

Blog Archive