Minggu, 28 Mei 2017
Sesorah
Mei 28, 2017 | By
Unknown |
Edit Entri
Pengertian sesorah
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake
gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Artinya:
Pidato adalah bebicara secara lisan di
depan orang banyak untukmaksud tertentu.
a. Ancasing
sesorah/tujuan sesorah
1. Atur
Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing
acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang
tahun),pengantenan.
Artinya =
adalah pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara
syukuran,khitanan,ulang tahun,pernikahan.
2. Atur
kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh
kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
Artinya =
adalah pidatountuk memberikan informasi,contohnya acara rapat
organisasi,promosi barang.
3. Atur
pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken
percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening
sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
Artinya =
adalah pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung tertarik
hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.
4. Atur
panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake
atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing
sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana
alam,kepaten lan liya liyane.
Artinya =
adalah pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang sedang
terkena kesusahan,misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya
berupa musibah bencana alam,kematian dan lain lain.
5. Atur
panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar
kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp
lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
b. Bab
wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing
diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom
tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih
tuwa/wong sing kudu diurmati.
Artinya
Bahasa yang digunakan harus sesuai dengan
yang sedang dihadapi. Bahasa ngoko digunakan ketika yang dihadapi itu anak
anak/lebih muda dari yang membaca pidato. Bahasa krama digunakan ketika
menghadapi orang yang lebih tua/orang yang harus dihormati.
2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana
kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo
ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek.
Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.
Artinya:
Ketika berpidato alangkah baiknya
menggunakan pakaian yang baik dan sopan. Ada peribahasa “ajining raga saka
busana”termasuk untuk menghormati yang pendengar dan juga bisa menjaga dan
menghargai diri sendiri. Pakaian juga harus sesuai dengan situasi dan tujuan.
3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja
keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten
saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong
maca buku.
Artinya :
Suara yang enak didengerin itu tidak
terlalu keras atau terlalu kecil suaranya. Dalam mengucapkan harus jelas,tidak
terlau cepat sehingga apa yang disampaikan mudah dipahami maksudnya,dalam
berpidato jangan terlalu sering baca buku.
4. Solah
bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan
tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
Artinya:
Orang berpidato itu harus mantap dan
siap,menghadap ke pendengar,jangan menghadap kebawah dan jangan menghadap
keatas terus.
c. Bab
kang kudu disingkiri nalika sesorah
1. Polatan mbesengut(terlihat marah)
2. Gugup(nerveous)
3. Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4. Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6. Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7. Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10. Ngupil
d. Urutane
sesorah
1. Salam
pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang
rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa
salam liyane
Artinya:
Isinya mengucapkan salam kepada tamu yang
datang seperti selamat pagi,selamat siyang,selamat malam,atau salam yang
lainnya
2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur
syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur
panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3. Isi/wignatining
atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut
marang acarane
4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep)
saka sing kagungan kersa marang tamune
umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
Artinya:
Isinya bab yang diharapkan oleh yang punya
keinginan kepada tamunya misalnya doa,kata kata,dll
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone
nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa
tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
Artinya:
Isinya meminta maaf jika dalam menerima
tamu atau bicara ada kata kata yang kurang baik dan sikap/tindakan yang tidak
enak dihati.
Tuladha sesorah :
Assalamualaikum Wr.Wb
Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu
luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para
Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu
luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya.
Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula
tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan
ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT
ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha
kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing
mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu
kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para
kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken
agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa
nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig
panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken
adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun
kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau
andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya
kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus
kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan
adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan
palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra
pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki
amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan
program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling
inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang
kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge
gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan
ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula
nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang
pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para
mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD
ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha
panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun
menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula
aturaken wonten ing ngarsa panjenengan
sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
About Me
- Unknown
Blog Archive
- Mei 2017 (4)
0 komentar:
Posting Komentar