Minggu, 28 Mei 2017
Cerkak
Mei 28, 2017 | By
Unknown |
Edit Entri
Cerita cekak
utawa cerkak yaiku mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif
lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang
tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak
sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan
insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.
Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.
Cerkak iku
cerita gancaran kang ngadhut prastawa kang ora dowo lan ora akeh alur ceritane.
Nang boso Indonesia cerkak iku disebut cerita pendek.
Cerkak nyritakelangsung menyang babagan/ faktane, dibandhingake crita fiksi kaya novel. Cerkak migunaaké teknik sastra kayata paraga, alur, tema, basa lsp
Cerkak dados kirang Komplek saking novel. Cerkak biasane fokus ing setunggal prastawa, alur, setting, karakter, lan wektune cendhak .
Cerkak nyritakelangsung menyang babagan/ faktane, dibandhingake crita fiksi kaya novel. Cerkak migunaaké teknik sastra kayata paraga, alur, tema, basa lsp
Cerkak dados kirang Komplek saking novel. Cerkak biasane fokus ing setunggal prastawa, alur, setting, karakter, lan wektune cendhak .
Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone
cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
·
Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh
utamane)
·
Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake
konflik)
·
Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan
kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
·
Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten
konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
·
Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik
dipecahkan)
·
Moral
Amarga
cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho,
cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum
yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero
cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks,
utawa titik walik.
Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.
Ing wangun fiction maneh, crita kathah ngemot unsur inti tartamtu saka struktur dinamis:
a. Exposition (setelan introduksi, kahanan lan karakter utama)
b. Komplikasi (konflik)
c. Krisis (wayahe nemtokake kanggo protagonis)
d. Klimaks (titik puncak ing crita )
e. Peleraian (konflik wis sampun saged dirampungke)
f. moral
Cerkak nggadhai 2 unsur, yaiku:
Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.
Ing wangun fiction maneh, crita kathah ngemot unsur inti tartamtu saka struktur dinamis:
a. Exposition (setelan introduksi, kahanan lan karakter utama)
b. Komplikasi (konflik)
c. Krisis (wayahe nemtokake kanggo protagonis)
d. Klimaks (titik puncak ing crita )
e. Peleraian (konflik wis sampun saged dirampungke)
f. moral
Cerkak nggadhai 2 unsur, yaiku:
1. Unsur
intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak
yaiku dadi iki:
·
Tema
·
Latar: panggon, wayah, kahanan.
·
Alur: maju, mundur, campuran.
·
Tokoh
·
Penokohan
·
Sudut pandang
·
Amanat
2. Unsur
ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora
teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.
Unsur ekstrinsik meliputi:
Unsur ekstrinsik meliputi:
·
aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
·
Latar buri kuripan pengarang..
·
Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.
Tuladha
cerkak :
Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Esuk iki
langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget.
Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang
pasar. Senadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi
saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis
pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan
Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi
biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune
nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah
kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo
siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga
Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan
ing kabupaten.
Dina iki
dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing
kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran
kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh
mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi
wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi
mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur
nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa
nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku
nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon
meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu
Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.”
semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk
wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki
dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?”
welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen.
Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo
bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar
Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?”
pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?”
ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres
putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki
nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung
nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak
kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake
permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake
nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang
pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki
lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih
cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham
sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi
sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah
susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi
dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi.
Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane
mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk
silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi
marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu
susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk
ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan
lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe.
Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku
garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi
amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep
nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida
nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran
amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake
bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar
buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo
nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU,
atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu
Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan
njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo
rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul
rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu
panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud
matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula
nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine
Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas
mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu
Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi
sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen
Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur
nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng
panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi
bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang
dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya
unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi
Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret.
Sumber : http://www.solopos.com/2013/02/14/cerkak-sing-nandur-bakal-ngundhuh-379078
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
About Me
- Unknown
Blog Archive
- Mei 2017 (4)
0 komentar:
Posting Komentar